Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas :
V (lima)
Wacanen ana ing sajeroning ati pethikan pidhato
ing ngisor iki !
Ingkang kula
urmati Bapak kepala sekolah, bapak ibu guru, saha rencang-rencang kelas V
ingkang sutrisna. Minangka Ketua Panitia Paskah 2016, keparenga kula
nyela atur, nempil kamardhikan panjenengan sami anggenipun lenggah saha wawan
pangandikan.
Mangga kita ngunjukaken puji
syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang maha agung awit berkah saha kasaenan
Dalem Gusti, kita sami saget makempal saperlu mengeti dinten wungu Dalem Gusti Yesus Kristus.
Dinten menika
mirunggan kagem mengeti wungu Dalem Gusti. Paskah ing taun punika
kita pengeti kanthi sedherhana, kados Gusti piyambak ingkang maringi tuladha
gesang sedherhana rawuh wonten kandhang ingkang reget lan mambet, sengsara, lan seda sinalib dening manungsa
..........................................................................................................
Isenana!
1. Kang
lagi ngayahi pidhato ana wacan ing ndhuwur mau yaiku . . . .
2. Paskah taun 2015 dipengeti kanthi . . . .
3. Riyaya Paskah iku dina kang mirunggan kanggo mengeti . . . .
4. Paskah iku salah sawijine dina gedhe kanggo umat agama . . . .
5. Tandha titik-titik sangisore wacan nduweni teges manawa pidhato ing ndhuwur. . .
6. Pengetan dina ulang taun sekolah
pancen rame tenan, akeh wong sing padha ….
7. Pirsa ingkang wayah lucu solahe,
simbah banjur gumujeng. Gumujeng tegese....
8. Saben
dina bocah-bocah padha nindakake giliran piket, mula kelasku katon . . . .
9. Saka
kene wis keprungu swarane gamelan sing ditabuh dening para . . . .
10. Para
siswa nindakake piket kelas kanggo njaga . . . .
Wananen
wacan ing ngisor iki ana sajeroning ati!
Banjir
Wis
meh sesasi kahanan kuthaku tansah adhem. Ora mung adhem, nanging atis banget.
Srengege ora katon sumunar kanggo gawe angeting bumi, amarga katutup mendhung
ireng. Esuk mendhung, awan mendhung, sore uga mendhung. Esuk udan, awan udan,
sore uga udan. Malah tekan bengi. Meh prasasat sadina-dina anane mung udan.
Dina
iki dalan ing ngarep omahku ora bisa dilewati. Dalan mau katutup banyu kang
jerone nganti sadhengkul. Akeh motor kang padha mogok, disurung karo sing
numpak. Yen siji- loro isih ana kendharaan sing wani liwat kanthi mesin urip,
kuwi jenenge motor kang bejo. Nanging ya kuwi. Saben ana motor liwat, banjur
keprungu suara, ” Krubyuuuuk …..!” banyu mlebu sajerone omahku. Ora mung omahku
wae. Tangga-tanggaku uga padha nasibe. Omahe kebak banyu nganti sadhengkul. Ana
sing nganti saweteng dhuwure. Aku isih beja. Omahku mung kelebon banyu dhuwure
sapolok.
11. Irah-irahan wacan ing ndhuwur yaiku . . . .
12. Srengenge ora katon sumunar jalaran . . . .
13. Dalan ngarep omahku ora bisa
dilewati amarga ….
14. Aku isih kalebu bejo, jalaran omahku mung kalebon banyu dhuwure ….
15. Akeh udan kuwi dumadi ing mangsa . . . .
16. Pocung lan Dhandhanggula iku kalebu tembang . . . .
17. Karmin ora sida tuku leker . . . dhuwite ilang.
18. Sukunipun Kang Marsudi kenging beling . Basa ngokone tembung sukunipun
yaiku . . . .
19. Yatmi tetep mangkat sekolah . . . udan deres.
20. Simbah durung ngombe obat watuk. Basa kramane tembung ngombe
yaiku . . . .