Pages

Ads 468x60px

Minggu, 07 Juni 2015

SOAL BAHASA JAWA KELAS 5 SEMESTER 2

Ulangan HarianII  SemesterII

          Muatan  Pelajaran        : Bahasa Jawa
            Kelas                           : V (lima)
            Waktu                          : 90 menit
 


A.  NULIS

Wacanen ana ing sajeroning ati pethikan pidhato ing ngisor iki kanggo wangsulan nomer 1-5!

                              Ingkang kula urmati Bapak kepala sekolah, bapak ibu guru, saha rencang-rencang kelas V ingkang sutrisna. Minangka Ketua Panitia Paskah 2015,keparenga kula nyela atur, nempil kamardhikan panjenengan sami anggenipun lenggah saha wawan pangandikan.
                              Mangga kita ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang maha agung awit berkah saha kasaenan Dalem Gusti, kita sami saget makempal saperlu mengeti dinten wungu Dalem Gusti Yesus Kristus.
                              Dinten menika mirunggan kagem mengeti wungu Dalem Gusti. Paskah ing taun punika kita pengeti kanthi sedherhana, kados Gusti piyambak ingkang maringi tuladha gesang sedherhana rawuh wonten kandhang ingkang reget lan mambet, sengsara, lan seda sinalib dening manungsa
                  ...........................................................................................................

I.       tandha ping (X) ing aksara A, B, C, utawa D, pinangka wangsulan kang bener
       ing lembar jawab kang sumadiya!

1.  Kang lagi ngayahi pidhato ana wacan ing ndhuwur mau yaiku . . . .
      A. bapak kepala sekolah                                 C. ketua panitia Paskah 2015 
      B. bapak ibu guru                                            D. bocah-bocah kelas V
2.   Paskah taun 2015 dipengeti kanthi . . . .
      A. sedherhana             B. sedhih                     C. kuciwa                    D. gedhen
3.   Riyaya Paskah iku dina kang mirunggan kanggo mengeti . . . .
      A. wiyosan dalem Gusti                                 C. riaya sedherhana
      B. wungu Dalem Gusti                                   D. kepala sekolah lan guru
4.   Paskah iku salah sawijine dina gedhe kanggo umat agama . . . .
      A. Islam lan Katolik    B. Hindu lan Kristen   C. Kristen lan Budha  D. Katolik lan Kristen
5.   Tandha titik-titik ana sangisore wacan nduweni teges manawa pidhato ing ndhuwur. . . .
      A. wis rampung           B. isih ana teruse         C. ora bisa diteruske   D. ora bisa rampung
      6.  Pengetan dina ulang taun sekolah pancen rame tenan, akeh wong sing padha ….
      A. bali                         B.  lunga                      C.  teka                        D. wedi
7.                 7.        Pirsa ingkang wayah lucu solahe, simbah banjur gumujeng.
            Tembung kang dicetak kandel tegese  . . . .   
      A. nangis                     B. ngguyu                   C.  prihatin                  D.  nesu
8.   Saben dina bocah-bocah padha nindakake giliran piket, mula kelasku katon . . . .
      A.  ijo royo-royo         B.   adhem ayem         C.  resik temata           D.  jembar gilar-gilar
9.   Saka kene wis keprungu swarane gamelan sing ditabuh dening para . . . .
      A.   waranggana          B.   dhalang                 C.  niyaga                    D.  panjak
10. Para siswa nindakake piket kelas kanggo njaga . . . .
      A. kasarasan                B.  kaslametan             C.  karesikan               D.  kapinteran

   II.     Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi tembung kang trep ing lembar jawaban kang
            sumadya!

      Wananen wacan ing ngisor iki ana sajeroning ati, kanggo nggarap soal nomer 11 – 15!

Banjir
                   Wis meh sesasi kahanan kuthaku tansah adhem. Ora mung adhem, nanging atis banget. Srengege ora katon sumunar kanggo gawe angeting bumi, amarga katutup mendhung ireng. Esuk mendhung, awan mendhung, sore uga mendhung. Esuk udan, awan udan, sore uga udan. Malah tekan bengi. Meh prasasat sadina-dina anane mung udan.
                   Dina iki dalan ing ngarep omahku ora bisa dilewati. Dalan mau katutup banyu kang jerone nganti sadhengkul. Akeh motor kang padha mogok, disurung karo sing numpak. Yen siji- loro isih ana kendharaan sing wani liwat kanthi mesin urip, kuwi jenenge motor kang bejo. Nanging ya kuwi. Saben ana motor liwat, banjur keprungu suara, ” Krubyuuuuk …..!” banyu mlebu sajerone omahku. Ora mung omahku wae. Tangga-tanggaku uga padha nasibe. Omahe kebak banyu nganti sadhengkul. Ana sing nganti saweteng dhuwure. Aku isih beja. Omahku mung kelebon banyu dhuwure sapolok.
                                                              

11. Irah-irahan wacan ing ndhuwur yaiku . . . .
12. Srengenge ora katon sumunar jalaran . . . .
13.  Dalan ngarep omahku ora bisa dilewati amarga ….
14. Aku isih kalebu bejo, jalaran omahku mung kalebon banyu dhuwure ….
15. Akeh udan kuwi dumadi ing mangsa . . . .
16. Pocung lan Dhandhanggula iku kalebu tembang . . . .
17. Karmin ora sida tuku leker . . . dhuwite ilang.
18. Sukunipun Kang Marsudi kenging beling . Basa ngokone tembung sukunipun yaiku . . . .
19. Yatmi tetep mangkat sekolah . . . udan deres.
20. Simbah durung ngombe obat watuk. Basa kramane tembung ngombe yaiku . . . .
      III. Garapen manut prentahe!
21. Ukara ing ngisor iki dadekna basa ngoko!
      Pak  Sukardi sare amargi sampun ngantuk
22. Tulisen nganggo aksara Jawa!
      “banyu leri ora legi”
23. Tulisen nganggo aksara Latin, aksara Jawa ing ngisor iki!

 

24. Ukara ing ngisor iki kramakna!
      Yu Hartini turu karo simbah
25.Tamatna gambar ing ngisor iki!





                 
     



      Gawea ukara kanthi migunakake gambar ing ndhuwur!

  

             MACA

            Wacanen geguritan ing ngisor iki ana ing ngarepe kanca-kancamu!
                                                                                                                       
                                                Kartini
                                Ing wulan April iki aku mengeti
Tanggal kang wus kawuri
Perjuanganmu minangka bukti
Tresna lan bekti marang ibu pertiwi

Kartini,
Kaum wanita rumangsa kepotangan budi
Labuh labetmu tan bisa kaganti
Dening bandha- bandhu sakathi

Kartini,
Aku janji sajeroning ati
Bakal nerusake gegayuhanmu iki
Wanita kudu dadi Srikandhi
Berjuang memayu ibu pertiwi


             NYEMAK (DIBACA GURU )
Telat

 Dina iki dina senin. Aku tangi kawanen, jalaran mau bengi turuku nganti bengi. Sawengi lampu mati. Listrik ing kampungku mati disamber bledheg.  Udane deres banget.Jero omah peteng ndhedhet.  Iki isih lumayan, jalaran isih ana lampu teplok kang bisa disumet.
Aku tekan sekolah jam pitu. Kanca-kancaku wis padha mlebu kelas. Aku banjur enggal-enggal mlebu. “Huuuuuu….!” swarane kanca-kancaku nyuraki aku. Bu Rini wis jumeneng ana ing ngarep kelas. “Sesuk aja telat maneh, Tina!” ngendikane Bu Rini alus. “Inngih,bu…,”wangsulanku isin-isin.
Enggal-enggal aku lungguh ing kursiku. Pelajaran matematika wis diwiwiti. Matematika pelajaran sing paling tak senengi. Enggal-enggal aku nyepakake tas sing tak gawa. Ndilalah awak yen lagi apes. Sing tak gawa dudu tas sekolah, nanging tas blanjane ibuku. Untung wae ana Nadia kancaku sing apikan. Aku disilihi bukune sing during dienggo. Aku maturnuwun marang Nadia.
-----------------------------
               

Mirengna wacan kang diwaos gurumu!
Wangsulana pitakon ing ngisor iki!
1.  Apa irah-irahan wacan ing ndhuwur mau?
2.  Sapa jenenge bocah sing telat?
3.  Apa kang njalari bocah mau telat sekolah?
4.  Dina apa bocah mau telat?
5.  Apa pelajaran kang paling disenengi bocah mau?
6.  Jam pira bocah sing telat mau tekan sekolah?
7.  Sapa asmane bu guru sing mulang?
8.  Sapa jenenge kanca sing nyilihi buku?
9.  Tase sapa sing kleru digawa sekolah?
10.Apa kang njalari lampu mati ana ing wacan mau?


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 
 
Blogger Templates