Pages

Ads 468x60px

Selasa, 10 Mei 2016

BAHASA JAWA KELAS 5 SMT 2

                                 Pelajaran             : Bahasa Jawa
                                 Kelas                   : V (lima)
               
Wacanen ana ing sajeroning ati pethikan pidhato ing ngisor iki !

            Ingkang kula urmati Bapak kepala sekolah, bapak ibu guru, saha rencang-rencang kelas V ingkang sutrisna. Minangka Ketua Panitia Paskah 2016, keparenga kula nyela atur, nempil kamardhikan panjenengan sami anggenipun lenggah saha wawan pangandikan.
                Mangga kita ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang maha agung awit berkah saha kasaenan Dalem Gusti, kita sami saget makempal saperlu mengeti dinten wungu Dalem Gusti Yesus Kristus.
                Dinten menika mirunggan kagem mengeti wungu Dalem Gusti. Paskah ing taun punika kita pengeti kanthi sedherhana, kados Gusti piyambak ingkang maringi tuladha gesang sedherhana rawuh wonten kandhang ingkang reget lan mambet, sengsara, lan seda sinalib dening manungsa
..........................................................................................................
Isenana!
1.            Kang lagi ngayahi pidhato ana wacan ing ndhuwur mau yaiku . . . .
2.            Paskah taun 2015 dipengeti kanthi . . . .
3.            Riyaya Paskah iku dina kang mirunggan kanggo mengeti . . . .
4.            Paskah iku salah sawijine dina gedhe kanggo umat agama . . . .
5.            Tandha titik-titik sangisore wacan nduweni teges manawa pidhato ing ndhuwur. . . 
6.            Pengetan dina ulang taun sekolah pancen rame tenan, akeh wong sing padha ….
7.            Pirsa ingkang wayah lucu solahe, simbah banjur gumujeng. Gumujeng tegese....
8.            Saben dina bocah-bocah padha nindakake giliran piket, mula kelasku katon . . . .
9.            Saka kene wis keprungu swarane gamelan sing ditabuh dening para . . . .
10.          Para siswa nindakake piket kelas kanggo njaga . . . .
               
                Wananen wacan ing ngisor iki ana sajeroning ati!

                                                                                                Banjir
                Wis meh sesasi kahanan kuthaku tansah adhem. Ora mung adhem, nanging atis banget. Srengege ora katon sumunar kanggo gawe angeting bumi, amarga katutup mendhung ireng. Esuk mendhung, awan mendhung, sore uga mendhung. Esuk udan, awan udan, sore uga udan. Malah tekan bengi. Meh prasasat sadina-dina anane mung udan.
                Dina iki dalan ing ngarep omahku ora bisa dilewati. Dalan mau katutup banyu kang jerone nganti sadhengkul. Akeh motor kang padha mogok, disurung karo sing numpak. Yen siji- loro isih ana kendharaan sing wani liwat kanthi mesin urip, kuwi jenenge motor kang bejo. Nanging ya kuwi. Saben ana motor liwat, banjur keprungu suara, ” Krubyuuuuk …..!” banyu mlebu sajerone omahku. Ora mung omahku wae. Tangga-tanggaku uga padha nasibe. Omahe kebak banyu nganti sadhengkul. Ana sing nganti saweteng dhuwure. Aku isih beja. Omahku mung kelebon banyu dhuwure sapolok.
                                                               
11.  Irah-irahan wacan ing ndhuwur yaiku . . . .
12.  Srengenge ora katon sumunar jalaran . . . .
13.  Dalan ngarep omahku ora bisa dilewati amarga ….
14.  Aku isih kalebu bejo, jalaran omahku mung kalebon banyu dhuwure ….
15.  Akeh udan kuwi dumadi ing mangsa . . . .
16.  Pocung lan Dhandhanggula iku kalebu tembang . . . .
17.  Karmin ora sida tuku leker . . . dhuwite ilang.
18.  Sukunipun Kang Marsudi kenging beling . Basa ngokone tembung sukunipun yaiku . . . .
19.  Yatmi tetep mangkat sekolah . . . udan deres.
20.  Simbah durung ngombe obat watuk. Basa kramane tembung ngombe yaiku . . . .



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 
 
Blogger Templates