TEMBUNG SANEPA
1. katon abang dluwang : katon pucet banget
2. eseme pait madu : eseme manis banget
3. jamune legi bratawali : jamune pait banget
4. jero tapak meri : cethek banget
5. kuru semangka : lemu banget
6. abot kapuk : entheng banget
7. dhuwur kencur : cendhek banget
8. atos debog : empuk banget
9. kandel kulit bawang : tipis banget
10.bening leri : buthek banget
ARANE PAGAWEYAN
1. tukang nglakokake sepur : masinis
2. tukang nglakokake dhokar : kusir
3. tukang nabuh gamelan : niyaga, nayaga
4. tukang njogetake wayang : dhalang
5. tukang nglakokake kapal : nahkodha
6. tukang ndandani mesin : montir
7. tukang gawe barang saka kayu : undhagi
8. tukang ngopeni gajah : srati
9. tukang angon bebek : sontoloyo
10. tukang gawe barang saka wesi: pandhe
NEGESAKE TEMBUNG
1. pralaya : mati, seda
2. wewengkon : wilayah, dhaerah
3. mbalela : brontak, ora gelem nurut
4. jumeneng nata :dadi ratu
5. dioncati : disingkiri
TEMBUNG KANG MBANGETAKE
1. biru kecu
2. abang mbranang
3. ijo royo-royo
4 peteng ndhedhet
5. padhang njingglang
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar