Ulangan Paralel I Semester I
Tahun Pelajaran 2012 / 2013
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas :
VI (enam)
Hari, tanggal :
Waktu :
60 menit
I. Berilah
tanda silang pada huruf A, B, C, atau D, sebagai jawaban yang paling tepat pada
lembar jawab!
Wacanen ana ing sajeroning ati!
Lakon
Arya Penangsang
Arya Penangsang,
sawijining bupati saka Kabupaten Jipang Panolan (Saiki kalebu wewengkon
Kecamatan Kedungtuban lan Cepu), mbalela marang keraton Pajang. Nalika semana
kang jumeneng nata Sultan Hadiwijaya.
Dene Arya Penangsang rumangsa duwe hak minangka pewaris kraton Demak.
Ringkesing carita, perang Jipang Panolan lan Keraton Pajang ora bisa dioncati.
Utusan Pajang kang maju perang yaiku Sutawijaya, kabantu Ki Ageng Pemanahan, Ki
Jurumertani, lan panggedhe kraton liya-liyane.
Jalaran Jipang Panolan
dumunung ing pinggir bengawan, mula perange uga ana sapinggire bengawan. Perang
gedhe, swaraning gegaman sarwa nggegirisi. Akeh para prajurit saka Jipang sarta
Pajang kang padha pralayA.
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . .
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . .
. . . . . . . . . . . . . . . . . . .
Kapethik saking buku Remen Basa Jawa
kelas 6, kaca 6
I. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c,
utawa d, pinangka wangsulan kang bener ing lembar jawab kang sumadiya!
1. Arya
Penangsang mbalela marang keraton . . .
.
A.
Cepu B. Jipang C. Demak D. Pajang
2. Tembung
“pralaya” ana wacan
ing ndhuwur, nduweni teges . . . .
A.
mari B. sedhih C. mati D. sangsara
3. Utusan saka kraton Pajang kang maju perang
yaiku . . . .
A.
Sutawijaya B. Kartajaya C. Hadiwijaya D. Sutawiyana
4. “Halah, ora ngandel! Lha wong Pak Dirja bae
ora ana, kok!”
Tembung ing ndhuwur nduweni
surasa . . . .
A.
ora wani B. ora percaya C.
rada wedi D. seneng banget
5. Becik ketitik, ala ….
Tembung kang trep kanggo nerusake parikan ing ndhuwur yaiku ….
A. ketara B. rupamu C. apik D. kacuwil
6. Paryadi
kae bocahe sregep sinau. Mula yen wayah
ulangan ora tau ….
A. mlebu B. latihan C. nggarap D. nyonto
7. Sega
kupat duduh santen, manawi wonten lepat kula nyuwun ….
A. arta B. pangapunten C. sakedhik D. saparing-paring
8.
Ngatilah ora tau nggarap tugas sing diparingake pak guru. Dheweke pancen bocah
. . . .
A.
bodho B. kesed C. pinter D. becik
9. Saben dina Lik Darno angón bebek ana ing kali. Lik Darno . . . .
A. sontoloyo B.
pangon C. srati D. peternak
10. Saben dina Setu sekolahane Galih nganakake kerja bakti, mula
sekolahane Galih katon . . . .
A. padhang B. resik C. jembar D. putih
11. Nalika gugur gunung Kang Karyana nggawa arit, kanggo . . . .
A. naleni pager B.
nandur pari C. masang paku D. mbabati suket
12. Wong kang pagaweane negori kayu ana ing alas diarani . . . .
A. panegor B. panegar C. molang D. blandhong
13. Saka kene wis keprungu swarane gamelan sing ditabuh para . . . .
A. waranggana B.
dhalang C. sindhen D. niyaga
14. Tembung tumekaning pralaya yen ditulis nganggo aksara Jawa sing bener
yaiku . . . .
A. B.
C. D.
15.
Aksara Jawa ing ndhuwur yen diwaca unine . . . .
A. nandur jagung B.
nganggur terus C. gugur gunung D. tuku anggur
16. Arya Penangsang perang tandhing ana ing pinggiring bengawan.
Bengawan tegese . . . .
A. kali cilik B. kali gedhe C. dhanau cilik D. dhanau amba
17. Amarga kudanan, seragam sekolahe Dhik Lusi . . . .
A. anyep njejet B.
garing thunthing C. putih memplak D. teles kebes
18. Sinta karo Santi beda banget.
Sing siji lemu, nanging sing sjine . . . .
A. ayu B. kuru C. dhuwur D. ireng
19. Bareng wis diwenehi rabuk tandurane kacang katon ijo . . . .
A. riwut-riwut B.
uthuk-uthuk C. manda-manda D. royo-royo
20. Rikmane Mbah Sunu durung ana sing putih. Tembung rikma basa ngokone yaiku . . . .
A. untu B. kulit C. rambut D. mata
II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi
tembung kang trep ing lembar jawaban kang sumadya!
Wananen
wacan ing ngisor iki ana sajeroning ati, kanggo nggarap soal nomer 21 – 28!
Bima Suci
Nalika isih enom, Pandhawa lan Kurwa padha
maguru marang Pandhita Durna. Pandhita
Durna iku satemene wong pinter ing babagan perang, nanging mentale miyur ora
kuwat. Kurawa ngreti miyure Durna mau,
banjur dipigunakake kanggo ngarah sirnane Pandhawa.
Pandhawa
kekuatane ana ing Bima (Wrekudara enom). Mula yen Bima mati, Pandhawa gampang
disirnakake. Sawijining dina, Bima
ditimbali Pandhita Durna. Bima
didhawuhi golek banyu suci sing aran Tirta Marta Pawitra Sari ana dhasare
segara kidul, supaya sampurna ngelmune.
Wekasane
kanthi rekasa banget, Bima bisa tekan tengahing segara kidul, sawise perang
karo
naga sing gedhe banget. Ana ing
kono Bima diwejang ngelmu karo dewa bajang sing aran Dewa Ruci.
21. Dewa
bajang kang mejang ngelmu marang Bima arane . . . .
22. Pandhita
Durna nduweni kapinteran ana ing babagan . . . .
23. Bima didhawuhi golek banyu suci
kang arane ….
24. Irah-irahan
wacan ing ndhuwur mau yaiku ….
25. Tekan
tengahing segara kidul, Bima perang karo . . . .
26. Dewa
Ruci iku wujude . . . .
27. Kurawa
duwe panganggep yen kekuatane Pandhawa iku dumunung ana ing . . . .
28. Nalika
tua, Bima nganggo jeneng kang aran . . . .
29. Sanepa
eseme pait madu nduweni teges eseme . . . .
30. Wong
kang pengalamane cethek banget disanepakake pengalamane jero . . . .
31. Wong kang pagaweane gawe barang saka kayu diarani
….
32. Blandhong
iku arane wong kang pagaweane . . . .
33. yen
diwaca unine . . . .
34.
Tembung nitih sepur yen ditulis
nganggo aksara Jawa yaiku . . . .
35. Pandhe
iku arane wong kang pagaweane gawe barang saka . . . .
36. Tembung sanepa Jamune rasane legi bratawali,
nduweni teges manawa jamune rasane . . . .
37. Pak Kurdi kae dadi masinis, saben dina pagaweane
nglakokake . . . .
38. Sadurunge dipasangi lampu kelase peteng,
nanging saiki katon . . . .
39. Dikethok-kethok kaya lombok, dirajang-rajang
kaya . . . .
40. Pak Sugeng ngombe wedang kopi. Basa kramane
tembung ngombe yaiku . . . .
Wananen wacan ing ngisor iki ana
sajeroning ati, kanggo nggarap soal nomer 41 – 45!
Andhe-Andhe Lumut
Praja Jenggala bingung. Putri Dewi Sekar
Taji ilang. Jebul Dewi Sekar Taji wis mlaku tekan Desa Dhadhapan tanpa eling
apa-apa. Dewi Sekar Taji ketemu Mbok
Randha Dhadhapan banjur dipek anak. Dheweke diparingi jeneng Kleting Kuning.
Sadurunge, Mbok Randha wis kagungan putri loro, yaiku Kleting Abang lan Kleting
Ijo. Kleting Abang lan Kleting Ijo ora gelem nyambut gawe. Kabeh gaweyan dikon
nggarap Kleting Kuning. Sawijining dina, Kleting Kuning nangis ing pinggir kali
amarga kumbahane akeh banget. Dheweke wis kesel. Ujug-ujug ana manuk bango Thonthong
teka, banjur ngewangi Kleting Kuning. Gaweyane Kleting Kuning bisa rampung.
Kleting Kuning seneng, ning ya bingung, ana manuk kok bisa umbah-umbah, malah
bisa ngomong. Jebul manuk mau titisane Dewa.
Kleting Kuning diparingi pusaka sing awujud sada kanggo ngrewangi
gaweyane. Sada mau oleh di enggo yen Kleting Kuning kesusahan. Sada pusaka
peparinge dewa mau arane Sada Lanang.
41. Tanpa eling apa-apa, Dewi Sekar Taji mlaku
tekan ing desa . . . .
42. Dewi Sekar Taji dipek anak dening . . . .
43. Nalika umbah-umbah, Kleting Kuning direwangi
dening dewa kang awujud . . . .
44. Pusaka sada peparinge dewa kanggo Kleting
Kuning arane . . . .
45. Pusaka peparinge dewa oleh dienggo yen Kleting
Kuning nemoni . . . .
III.
Garapen manut prentahe!
46. Tulisen apa pagaweane tukang kang tinulis ing
ngisor iki!
* jlagra
* sayang
* pandhe
47. Tulisen nganggo aksara jawa!
“menyang pasar tuku sate sapi”
48. Tulisen nganggo aksara Latin, aksara Jawa ing
ngisor iki!
49. Ukara ing ngisor iki kramakna!
Pak Broto ngombe teh karo mangan
jadah goreng.
50. Tulisen, apa tegese tembung-tembung ing ngisor
iki!
a.
wewengkon
b.
pralaya
c.
jumeneng nata