Pages

Ads 468x60px

Kamis, 29 September 2011

BAHASA JAWA KELAS 6 SMT 1

Wacanen ana ing sajeroning ati!

Lakon Arya Penangsang

Arya Penangsang, sawijining bupati saka Kabupaten Jipang Panolan ( Saiki kalebu wewengkon Kecamatan Kedungtuban lan Cepu), mbalela marang Keraton Pajang. Nalika semana kang jumeneng nata Sultan HadiwijayA. Dene Arya Penangsang rumangsa duwe hak minangka pewaris kraton Demak. Ringkesing carita, perang Jipang Panolan lan Keraton Pajang ora bisa dioncati. Utusan Pajang kang maju perang yaiku Sutawijaya, kabantu Ki Ageng Pemanahan, Ki Jurumertani, lan panggedhe kraton liya-liyane.
Jalaran Jipang Panolan dumunung ing pinggir bengawan, mula perange uga ana sapinggire bengawan. Perang gedhe, swaraning gegaman sarwa nggegirisi. Akeh para prajurit saka Jipang sarta Pajang kang padha pralayA.
. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . .
Kapethik saking buku Remen Basa Jawa kelas 6, kaca 6

I. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, utawa d, pinangka wangsulan kang bener ing lembar jawab kang sumadiya!

1. Arya Penangsang mbalela marang keraton . . . .
A. Jipang B. Demak C. Pajang D. Kedungtuban
2. Tembung “ pralaya” ana wacan ing ndhuwur, nduweni teges . . . .
A. mati B. susah C. lara D. sehat
3. Utusan saka kraton Pajang kang maju perang yaiku . . . .
A. Hadiwijaya B. Sutawijaya C. Pemanahan D. Jurumertani
4. “Halah, ora ngandel! Lha wong Pak Gandung bae ora ana,kok!”
Tembung ing ndhuwur nduweni surasa . . . .
A. rada wedi B. ora percaya C. percaya banget D. seneng banget
5. Wajik klethik gula jawa, luwih becik sing ….
Tembung kang trep kanggo nerusake parikan ing ndhuwur yaiku ….
A. prasaja B. pinter C. apik D. sabar
6. Sularsih kae bocahe sregep sinau. Mula yen wayah ulangan ora tau ….
A. mlebu B. latihan C. nyonto D. nggarap
7. Sega kupat duduh santen, manawi wonten lepat nyuwun ….
A. pangapunten B. tulung C. sakedhik D. saparing-paring
8. Sutarmin ora tau nggarap tugas sing diparingake pak guru. Dheweke pancen bocah . . . .
A. sregep B. kesed C. pinter D. bodho
9. Saben dina Kang Sukidi angón bebek ana ing kali. Kang Sukidi . . . .
A. srati B. sontoloyo C. undhagi D. pangon
10. Saben dina Setu sekolahane Galih nganaake kerja bakti, mula sekolahane Galih katon . . . .
A. padhang B. tentrem C. rukun D. resik
11. Bu Tina dhawuh marang para muride nggawa arit, kanggo . . . .
A. naleni pager B. nandur pari C. masang paku D. mbabati suket
12. Wong kang pagaweane negori kayu ana ing alas diarani . . . .
A. blantik B. begal C. blandhong D. jlagra
13. Saka kene wis keprungu swarane gamelan sing ditabuh para . . . .
A. waranggana B. dhalang C. niyaga D. sindhen
14. Tembung gugurgunung yen ditulis nganggo aksara jawa sing bener yaiku . . . .
A. B. C. D.
15.
Aksara jawa ing ndhuwur yen diwaca unine . . . .
A. nandur pari B. nandur jati C. durung mari D. durung dadi
16. Kraton Jipang Panolan ana ing pinggiring bengawan. Bengawan tegese . . . .
A. kali gedhe B. segara/ samodra C. dalan gedhe D. lapangan amba
17. Sunata lali ora nggawa payung, seragam sekolahe . . . .
A. anyep njejet B. garing thunthing C. putih memplak D. teles kebes
18. Tarman karo Tarmin beda banget. Sing siji lemu, nanging sing sjine . . . .
A. bagus B. kuru C. dhuwur D. cendhek
19. Bareng wis diwenehi rabuk tandurane katon ijo . . . .
A. riwut-riwut B. uthuk-uthuk C. manda-manda D. royo-royo
20. Rikmane Mbah Piyah durung ana sing putih. Tembung rikma basa ngokone yaiku . . . .
A. untu B. kulit C. rambut D. mata

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi tembung kang trep ing lembar jawaban kang sumadya!
Wananen wacan ing ngisor iki ana sajeroning ati, kanggo nggarap soal nomer 21 – 28!
Bima Suci
Nalika isih enom, Pandhawa lan Kurwa padha maguru marang Pandhita DurnA. Pandhita Durna
iku satemene wong pinter ing babagan perang, nanging mentale miyur ora kuwat. Kurawa ngreti miyure
Durna mau, banjur dipigunakake kanggo ngarah sirnane PandhawA.
Pandhawa kekuatane ana ing Bima (Wrekudra enom). Mula yen Bima mati, Pandhawa gampang
disirnakake. Sawijining dina, Bima ditimbali Pandhita DurnA. Bima didhawuhi golek banyu suci sing aran
Tirta Marta Pawitra Sari ana dhasare segara kidul, supaya sampurna ngelmune.
Wekasane kanthi rekasa banget, Bima bisa tekan tengahing segara kidul, sawise perang karo
naga sing gedhe banget. Ana ing kono Bima diwejang ngelmu karo dewa bajang sing aran Dewa Ruci.
21. Irah-irahan wacan ing ndhuwur yaiku . . . .
22. Pandhawa lan Kurawa uwe guru kang asmane . . . .
23. Durna nduweni kekurangan, yaiku mentale ….
24. Supaya sampurna ngelmune, Bima didhawuhi gurune golek banyu suci sing arane ….
25. Miyure mentale gurune dpigunakake Kurawa kanggo ngarah . . . .
26. Dewa Ruci iku wujude . . . .
27. Kurawa duwe panganggep yen kekuatane Pandhawa iku dumunung ana ing . . . .
28. Nalika tua, Bima nganggo jeneng kang aran . . . .
29. Sanepa jamune legi bratawali nduweni teges jamune rasane . . . .
30. Wong kang pikirane bodho banget disanepakake pikirane landhep . . . .
31. Wong kang pagaweane gawe barang saka watu diarani ….
32. Blantik iku arane wong kang pagaweane . . . .
33. yen diwaca unine . . . .
34. Tembung nyapu latar yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku . . . .
35. Tukang gawe barang saka kayu diarani . . . .
36. Sadurunge pasa masyarakat Kota Semarang nganakake upacara adat sing jenenge . . . .
37. Pak Rahmat kae dadi juru mudhi, saben dina nglakokake . . . .
38. Sadurunge disapu kelase katon reged, nanging saiki katon . . . .
39. Dikethok-kethok kaya lombok, dirajang-rajang kaya . . . .
40. Pak Broto mangan tela goreng. Basa kramane tembung mangan yaiku . . . .

Wananen wacan ing ngisor iki ana sajeroning ati, kanggo nggarap soal nomer 41 – 45!

Andhe-Andhe Lumut

Praja Jenggala bingung. Putri Dewi Sekar Taji ilang. Jebul Dewi Sekar Taji wis mlaku tekan Desa Dhadhapan tanpa eling apa-apA. Dewi Sekar Taji ketemu Mbok Randha Dhadhapan banjur dipek anak. Dheweke diparingi jeneng Kleting Kuning. Sadurunge, Mbok Randha wis kagungan putri loro, yaiku Kleting Abang lan Kleting Ijo. Kleting Abang lan Kleting Ijo ora gelem nyambut gawe. Kabeh gaweyan dikon nggarap Kleting Kuning. Sawijining dina, Kleting Kuning nangis ing pinggir kali amarga kumbahane akeh banget. Dheweke wis kesel. Ujug-ujug ana manuk bango Thonthong teka, banjur ngewangi Kleting Kuning. Gaweyane Kleting Kuning bisa rampung. Kleting Kuning seneng, ning ya bingung, ana manuk kok bisa umbah-umbah, malah bisa ngomong. Jebul manuk mau titisane DewA. Kleting Kuning diparingi pusaka sing awujud sada kanggo ngrewangi gaweyane. Sada mau oleh di enggo yen Kleting Kuning kesusahan. Sada pusaka peparinge dewa mau arane Sada Lanang.

41. Sing njalari Praja Jenggala bingung yaiku . . . .
42. Sawise dipek anak Mbok Randha Dhadhapan, Dewi Sekar Taji diparingi jeneng . . . .
43. Kleting Kuning nangis ana ing pinggir kali amarga . . . .
44. Gaweane Kleting Kuning bisa rampung amarga direwangi dening manuk . . . .
45. Pusaka sada peparinge dewa kanggo Kleting Kuning arane . . . .

III. Garapen manut prentahe!
46. Tulisen apa pagaweane tukang kang tinulis ing ngisor iki!
* kemasan
* montir
* sayang
47. Tulisen nganggo aksara jawa!
“Wong sadesa padha gugur gunung”
48. Tulisen nganggo aksara latin, aksara jawa ing ngisor iki!

49. Ukara ing ngisor iki kramakna!
Mbah Binah ngombe kopi karo mangan jadah goreng
51. Tulisen apa pigunane arit tumrape para among tani!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 
 
Blogger Templates